Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

*'RESEP AWET MUDA'.*

 

 

*Warga* :  'Pak..njenengan niku pangsiunan ning koq tasih seger lan sumringah, terus resèp-é nopo ?'

*Pangsiunan*:  'Yaa Olahraga !'

*Warga* :  'Nopo yèn ming olahraga thok, saged marakké semangat lan sumringah ta Pak ?'

*Pangsiunan* : 'Mergo, nang jerone rogo sing SEHAT kuwi, anané jiwo sing kuwat."

*Warga* :'Ooh ngaten taa ...  Trs Bapak olahraga-né nopo ?'

*Pangsiunan* : 'BOLA !!'

*Warga* : 'Waah.... - Bola sepak ? - Bola tenis ?  - Bola volley ?  - Bola basket ?  Sing pundi niku pak ?'

*Pangsiunan* : 'DUDUUU !!!'

*Warga* :  'Loh, lha terus bola nopo Pak ?'

*Pangsiunan* :  Yaa *Bola bali sholat berjamaah no Masjid* *Bola bali ngaji.* *Bola bali Dzikir.*

*Bola bali shodaqoh* *Bola bali Silaturahim*.

👆😊 *Salam seroja* (Sehat Rohani & Jasmani) 🙏


Posting Komentar untuk "*'RESEP AWET MUDA'.*"